Ki Sali ing Laweyan nglajengaken katrangan bab
Jangka Jayabaya, wiwit jaman Kalawisesa ing jaman Pajajaran dumugi
jumenengipun turun Sultan Erusakra ing Ngamartalaya ngantos dumuginipun
Kiyamat Kobra (kaca 1 - 6). Kasambet katranganipun Ki Atyanta bab
Kiyamat Kobra miturut Hadis kanthi pratandha ngalamat warni 40.
Sabibaripun, Mas Cebolang nglajengaken lampah dumugi ing Majasta kapanggih Ki Jayamilasa (jurukunci pasareyan Jaka Bodho putra raja majapait ingkang ngrungkebi agami Islam). Lajeng sami jiyarah ing pasareyan Majasta.
Ing Sapinggiring lepen Dengkeng wonten wit asem ing tengahipun menggik alit. Miturut Ki Jayamilasa wit asem wau ing jaman kinanipun kangge nancang gethekipun Jaka Tingkir. Lajeng kabeberaken babadipun Jaka Tingkir nalika badhe
suwita dhateng Demak, numpak gethek. Lerem ing Majasta, gethek kacancang wit asem ingkang tilasipun taksih katingal pingget alit ing tengah wau (kaca 48 - 55).
Lampahanipun dumugi sendhang Banyubiru ingkang rumiyinipun papan mejang ngelmu raos, sarta sami ningali siti ingkang kaangge Jaka Tingkir anggala maesa. Maesa ngamuk, ingkang saged nyepeng namung Jaka Tingkir. Lajeng sami jiyarah ing astana Banyubiru. Mas Cebolang kapengin kapanggih Seh Hersaranu, dumadakan mireng suwanten
bilih sagedipun kapanggih Seh Hersaranu benjing menawi sampun emah-emah wonten ing Wanataka (kaca 60 - 61). Lampahipun dumugi dhusun Teleng sumerep sendhang Tirtamaya. Miturut kaol, sinten ingkang adus ing sendhang cacah sanga ing laladan ngriku, mangka rampung saderengipun pletheking surya, yekti teguh timbul tuwin yuwana. Lumampah mangetan tumuju dhateng Pacitan.
Ing Girimarta kapanggih Endrasmara, putranipun Ketib Winong ing mataram, ing ngayeng badhe ngaos dhateng
Panaraga kandheg ing Girimarta sesemah Rara Indradi putranipun Kyai Haji Nurgirindra. Endrasmara mila karem ulah asmara, semahipun sakawan sami rukun. Ing dalunipun rerembegan bab gesang lan panggesanganing manungsa tuwin ihtiyaripun.
Nyandhak kawruh tasawuf lan fekih, Endrasmara milih fekih ingkang mupakat kanggenipun tiyang Jawi. Endrasmara medhar bab pratingkahing cumbana tuwin sipat-sipating wanita dalah panggigahing napsu asmara. Kyai Haji Nurgirindra ngawontenaken pengetan Maulud Nabi ngundang Mas Cebolang mirengaken katrangan bab Asma’ulhusna
(Asmaning Allah) tuwin khasiatipun (kaca 76 - 88).
Mas Cebolang dalah para santrinipun dherek Haji Nurgirindra dhateng griyanipun Nyai Wulanjar Demang ing Paricara ingkang ngawontenaken wilujengan pendhak geblagipun Ki Demang. Mas Cebolang ingkang katedha terbangan kanthi beksan, sengaja namur dados pawestri nama Ken Suwadi. Bokmas Demang sakalangkung kapranan dhateng Ken Suwadi, mila katedha nyipeng. Panamuripun Mas Cebolang sakalangkung remit; ing dalu badhar sanyatanipun,
ewadene malah dados pirenanipun Nyai Demang, lajeng posah-pasihan (kaca 89 - 120).
Dumugi dhusun Karang kapanggih Ki Darmayu ingkang ngreksa tumbalipun tanah Jawi. Tumbal wau wonten ing astana
Genthong, ingkang kalangse monten pethak. Tumbal ing salebeting genthong wujud balung sajempol, panjangipun sakilan (kaca 124 - 130).
Kapanggih rombonganipun Brahmana Sidhi saking Hindhustan ingkang badhe nyantuni monten langsening tumbal. Sang Brahmana wawanrembag kaliyan Mas Cebolang, ngandharaken bab gegebenganipun Kabudhan, inggih punika tataning siswa dumugi guru, ajaran gesang tumimbal, tanha, karma, cakramangggilingan, pambirating panandhang, gegayuhan ing dalem kasampurnaning Buddha, ilmu tuwin laku lan sanes-sanesipun (kaca 131 - 146).
Wondene Mas Cebolang ngandharaken isinipun Serat Rama bab kautamenipun Wibisana tuwin Kumbakarna. Sang Brahmana nyariosaken lalampahanipun Sultan Abdulkarim Kubra ingkang nyikara tiyang mlarat, wasana Sultan sirna dalah sadaya abdinipun jalaran sami boten purun nilar Sang Prabu ingkang nandhang dosa, kadosdene pakartinipun sang Wibisana (kaca 149 - 151). Mas Cebolang nyariosaken piwulangipun Sri Rama sasampunipun kundur dhateng Ayodya inggih punika bab lepasing jiwa ingkang patitis (kaca 152 - 154).
Sabibaripun punika, Mas Cebolang dalah santrinipun nglajengaken lampah, nyabrang lepen sumerep sawatawis wanita sami gegujengan angujiwat. Dumugi dhusun Selaung kapanggih Patinggi Ki Nursubadya sarta lajeng sipeng ing
griyanipun. Ingkang ngladosi tamu sadaya tiyang estri jalaran ing Selaung tiyang jaler sami ngumbara dados warok,
remen gegemblakan, tebih dhateng tiyang estri, pangangge lan tingkahipun nelakaken sarwi sesongaran, ngendelaken dhug-dhengipun.

Referensi :
- Wikipedia Indonesia
- Sumahatmaka, R.M.A, Ringkasan Centini (Suluk Tambanglaras), PN Balai Pustaka, Cetakan pertama, 1981.
- Yatim, Dr. Badri, MA, Sejarah Peradaban Islam, PT Raja Grafindo Persada, Ed. 1, Cet. 12, 2001
- H Karkono K Partokusumo